Kamis, 25 September 2014

Asal-Usul Nusakambangan (Bahasa Jawa)

Hei, minna! Buat yang lagi kesusahan cari tugas bahasa Jawa tentang legenda, atau babad, atau cerita tentang terjadinya suatu tempat, gue ada nih. Pake bahasa jawa ngoko, maupun krama inggil.

Ngoko :
Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan kasektiane.


Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan arep nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.

Akhire Raja ngundang Patih Hulubalang, Senopati uga pejabat utama kerajaan arep nggolek kepriye carane nyekel Kyai Jamur. Bubar oleh saran saka petinggi kerajaan Prabu Aji Pramosa banjur mutusake supaya Kyai Jamur diusir saka kerajaan utawa dipateni wae. Warta iku wis kasebar ing kerajaan nganti tekan dhaerah panggonane Kyai Jamur. Kyai Jamur dhewe krungu saka bature yen dheweke arep diusir. Bature Kyai Jamur ngakon supaya cepet-cepet lunga saka papan panggonane. Wengine Kyai Jamur lunga saka papan panggonane sadurunge dheweke diusir karo Prabu Aji Pramosa.

Prabu Aji Pramosa lunga karo para punggawane teka ing panggonane Kyai Jamur, nanging wong sing diparani malah wis ora ana ing papan panggonane. Krungu yen Kyai Jamur wis ora ana ing papan panggonane, Prabu Aji Pramosa tambah murka lan ngobrak-abrik papan panggonane. Bubar ngrusak panggonane Kyai Jamur Raja banjur ngutus punggawa kerajaan mburu lan nyekel sang resi. Alesane Prabu ngangkon punggawa kerajaan nggoleki Kyai Jamur mung kanggo kedhok supaya resi dianggep salah amarga lunga saka kerajaan tanpa ijin marang Prabu Aji Pramosa. Awit lunga saka kerajaan Kyai Jamur ngumbara terus mlaku menyang ngulon ngliwati alas, pantai kidul nganti tekan dhaerah sing saiki jenenge Cilacap. Ing papan kana dheweke nemu guwa kanggo leren lan dadi papan kanggo tapa.

Prabu Aji Pramosa lan para punggawane anggone nggolek uga mlaku tumuju menyang ngulon lan wektu arep leren, rombongan Raja nemu guwa sing jebul ana guwa kana Resi Kano lagi tapa. Aji Pramosa lan punggawane teka banjur Resi Kano dicekel lan dipateni. Amarga kasektiane, mayite Resi kuwi ilang utawa muksa. Iki nggawe Prabu wedi lan gumun, durung ilang rasa wedine, Prabu dikagetake maneh karo swara gemuruh karo angin saka tengah segara.

Aji Pramosa ngupayakake supaya tetep teteg ngadhepi kedadean sing medeni. Suwara gemuruh lan angin ilang, nanging dumadakan teka naga saka tengah segara sing wujude gedhe banget kaya arep mangan Aji Pramosa. Ombake dadi tambah gedhe, sahingga akeh penyu minggir banjur pantai iku saiki dijenengi Teluk Penyu.
Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang dheweke lan para punggawane, kanthi gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji Pramosa banjur ngeculake panahe lan ngenani wetenge naga sarta naga mau banjur ilang mbarengi ombak sing ilanging tengah segara. Bareng nagane ilang banjur ana wong wadon mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau jelmaan saka wong wadon sing ayu saka sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh. Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji Pamosa.

Wong wodon iku ngomong marang Aji Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokakeing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa.”
Putri iku jenenge Dewi Wasowati. Dheweke banjur menehi weling menawa pulau iki arep dijenengi Nusa kembangan. Nusa artine pulau lan kembangan artine kembang. Bareng gantine jaman jeneng Nusa Kembangan akhire owah dadi Nusakambangan sing saiki dikenal dadi pulau kanggo kunjara para tahanan.

Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap, nanging kembang iku tiba ing segara banjur ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang mau.

Sawise tekan kerajaane, Prabu krungu warta menawa ing pulau karang cedhak Nusakambangan ana wit aneh lan ajaib, Raja kepingin weruh wit aneh sing ora ana wohe. Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma sing diwenahi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa. Weruh wit iku, Aji Pramosa kelingan omongane Dewi Wasowati yen sapa wae sing duwe kembang Wijayakusuma bakal nurunake raja-raja sing duwe kuwasa ing tlatah Jawa.



Krama Inggil :
Nalika jaman rumiyin, wonten teng dhaerah Jawa Timur (Kediri), wonten maharaja ingkang gelaripun Prabu Aji Pramosa. Nalendra punika kagungan penggalih ingkang mboten sae, piyambakipun mboten kersa tundhuk dhumateng sinten mawon lan mboten remen menawi wonten tiyang ingkang langkung sekti tinimbang piyambakipun ugi kagungan kuwatos ageng wonten teng negaraipun.  Prabu Aji Pramosa ngutus punggawa dhateng teng sedaya penjuru kenalendran kangge madosi tiyang-tiyang ingkang dipunanggep langkung sekti, amargi piyambakipun mboten badhe trimah menawi wonten ingkang langkung sekti ugi pinter.
            Resi, punika asmanipun Resi Kano ingkang gelaripun Kyai Jamur. Kasektianipun Kyai Jamur ngantos dhateng talinganipun Prabu Aji Pramosa. Piyambakipun midhanget saking para punggawanipun ingkang ningali piyambak. Lajeng Prabu Aji Pramosa dhuka, murka kaliyan ngasta sarta nyedani tiyang ingkang mboten kagungan klinthu wau.
            Lajengipun Prabu Aji Pramosa ngaturi dhateng Patih Hulubalang, Senopati kaliyan tiyang-tiyang utami kenalendran badhe ngucal kados pundi upakaranipun ngasta Kyai Jamur. Selajengipun dipundhawuhi tiyang utami kenalendran, Prabu Aji Pramosa lajeng mutusaken supados Kyai Jamur dipunusir saking kenalendran utawi dipunsedani mawon. Wartos punika sampun kasebar teng kenalendran ngantos dhaerah panggenanipun Kyai Jamur. Kyai Jamur piyambak midhanget saking abdinipun menawi piyambakipun bahde dipunusir. Abdinipun Kyai Jamur ngaturi supados enggal-enggal tindak saking papan panggenanipun, sedherengipun piyambakipun dipunusir kaliyan Prabu Aji Pramosa.
Prabu Aji Pramosa tindak kaliyang para punggawanipun rawuh teng panggenanipun Kyai Jamur. Midhanget menawi Kyai Jamur sampun mboten wonten teng papan panggenanipun, Prabu Aji Pramosa minggah murka ugi ngirsaki papan panggenanipun. Prabu Aji Pramosa lajeng ngutus punggawa kenalendran mbujeng kaliyan ngastasang Kyai Jamur. Prabu Aji Pramosa ngutus punggawa ngupadi Kyai Jamur naming supados kedhok supados Kyai Jamur dipunanggep klinthu amargi tindak saking kenalendran mboten ijin dhateng Prabu Aji Pramosa.
Nalika tindakipun Kyai Jamur saking kenalendran, Kyai Jamur lajeng tidak dhateng ngilen nglangkungi wana, pantai kidul ngantos-ngantos dhaerah ingkang sakmenika asmanipun Cilacap. Teng papan punika, Kyai Jamur manggih guwa kagem kendel ugi dados papan kangge tapa.
Prabu Aji Pramosa kaliyan para punggawanipun anggenipun ngucal ugi tindak dhateng ngilen ugi kala badhe kendel, rombongan Prabu Aji Pramosa manggih guwa ingkang wonten Resi Kano tapa. Prabu Aji Pramosa kaliyan punggawanipun lajeng nyedani Resi Kano. Amargi kasektianipun, layonipun Resi punika ical utawi muksa. Menika ngasta Prabu Aji Pramosa ajrih ugi gumun, Prabu Aji Pramosa dipunkejotaken malih kaliyan swanten gemuruh ugi angina saking madya samodra.
Prabu Aji Pramosa nupadosaken supados tetep teteg maraki kedadosan ingkang ngajrihi. Swanten gemuruh ugi angin ical, nangin dumadakan rawuh naga saking madya samodra ingkang wujude ageng sanget kados badhe nedhi Prabu Aji Pramosa. Ombakipin dados minggah ageng, saenggo kathah penyu minggir lajeng pantai punika sakmenika dipunasmani Teluk Penyu.
Naga punika ngasmani Prabu Aji Pramosa ugi nyerang. Nalika bingung ugi gugup maraki kawontenan punika, Prabu Aji Pramosa lajeng ngeculaken jemparingipun ugi ngengingi pandharanipun Naga. Naga wau lajeng ical nyarengi ombak ingkang icaling madya samodra. Sareng Naganipun ical, lajeng wonten tiyang estri mlajeng teng nginggiling ombak. Naga wau niku jelmaan saking tiyang estri wau minaraki Prabu Aji Pramosa kaliyan ngendika matur sembah nuwun amargi jemparingipun saged ngasta piyambakipun dados tiyang malih. Kagem raos matur sembah nuwun, tiyang estri wai maringi Kusuma Wijayakusuma kagem Prabu Aji Pramosa.
Tiyang estri punika ngendika dhateng Prabu Aji Pramosa, “Kusuma wijayakusuma punika mboten saged dipadosi teng alam biasa. Sinten ingkang saged kagungan kusuma menika badhe nendhakaken nalendra-nalendra ingkang badhe kagungan kuwatos teng tanah Jawi.”
Putri punika asmanipun Dewi Wasowati. Piyambakipun lajeng maringi weling menawi pulau punika dipunasmani Nusa Kembangan. Nusa artosanipun pulai ugi Kembangan artosipun kusuma. Sareng gantosipun jaman, asma Nusa Kembangan dados Nusakambangan.
Prabu Aji Pramosa remen sanget penggalihanipun amargi nampi hadiah kusuma punika, lajeng gugup anggenipun nitih baita kagem kondur datheng Cilacap, kusuma punika dhawah teng samodra lajeng ical kaliyan ombak. Prabu Aji Pramosa murka sanget amargi kondur mboten mbekta kusuma wau. Sesampunipun ngantos kenalendranipun, Prabu midhanget wartos menawi teng pulau caket Nusakambangan wonten taneman aneh ugi ajaib, Prabu Aji Pramosa kersa mirsani taneman ingkang mboten wonten wohipun niku. Taneman ingkang dipunngendikakaken dening tiyang-tiyang, mboten benten saking Wijayakusuma ingkang diparingi Dewi Wasowati dhateng Prabu Aji Pramosa. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar